|
Mihrab (Basa Arab: ألمحراب pl. محاريب) ya iku ceruk, utawa cekungan ing témbok (masjid) kang nuduhaké arahé kéblat, ya iku arah dumunungé Ka'bah minangka arah madhep kanggoné umat Islam kang lagi salat. Témbok kang ana mihrabé diarani témbok kéblat.
Mihrab, aja diklérokaké karo mimbar, ya iku papan kangoné imam mènèhi kutbah.