Mozzarella inggih punika kèju Italia ingkang dipundamel kanthi cara diputer lan ditugel, amargi wonten ing Basa Italia, mozzare ateges nugel.[1][2] Keju punika dipundamel saking susu sapi ugi susu kerbau. Mozzarella di bufala dipundamel saking susu kerbau, déné mozzarella fior di latte dipundamel saking susu sapi ingkang dipunpasteurisasi.[3] Mozzarella seger padatanipun kanthi warna putih, nanging saged warna kuning cerah gumantung panganan sapi/kerbau ingkang dipunpendhet saking susunipun.[4] Tekstur kèju punika lembut lan mawi kadar toya ingkang inggil.[5] Padatanipun kèju ingkang dipundamel ing dinten mau dipundhahar ing dinten ingkang sami.[5] Sanajan makaten kèju punika saged tahan dumugi seminggu manawi dipunkom wonten ing toya mawi sarem[6] Mozzarella mawi kadar toya ingkang andhap saged dipunsimpen wonten ing kulkas dumugi sewulan lan saged tahan langkung dangu manawi dipunsadé mawi kemasan hampa angin.[7] Mozzarella mawi kadar toya andhap ingkang sampun diparut saged dipunsimpen dumugi 6 wulan.[8] Kèju punika dipun-ginakaken wonten ing pizza, lasagna, utawi dipuntedhi mawi irisan tomat lan basil ing sajian insalata caprese.[9]