Muhammad Maftuh Basyuni | |
---|---|
![]() | |
Mantri Agama Indonésia ke-20 | |
Linggih 21 Oktober 2004 – 20 Oktober 2009 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Said Agil Husin Al Munawar |
Kang sawisé | Suryadharma Ali |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Cithakan:Country data Hindia Nèderlan [[Kabupatèn Rembang|Rembang]], Jawa Tengah, Hindia Nèderlan | Novèmber 4, 1939
Bangsa | Indonésia |
Agama | Islam |
Muhammad Maftuh Basyuni, SH. (lair ing Rembang, Jawa Tengah, 4 Novèmber 1939; umur 85 taun) inggih punika Mantri Agami Républik Indonésia nalika Kabinét Indonésia Bersatu wonten ing wekdal pamaréntahanipun Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[1][2] Basyuni lulus pendidikan sarjana ing Universitas Islam Madinah, Arab Saudi nalika taun 1968.[1]
Wekdal taun 1976 ngantos 1979, Basyuni njabat minangka Sekretaris Pribadi Duta Ageng Indonésia ing Jeddah.[1] Sasanèsipun punika, panjenenganipun ugi dados kepala rumah tangga kaprésidhènan Soeharto, panjenenganipun ugi naté njabat dados sekretaris nagara nalika pamaréntahanipun Présidhèn Abdurrahman Wahid.[1] Wiwit taun 2002, panjenenganipun njabat dados Duta Ageng Indonésia kanggé Karajan Arab Saudi lan Kasultanan Oman.[1] Nalika taun 2004, panjenenganipun kapilih dados Ketua Dhelegasi Indonésia ing adicara Pepanggihan Mantri Organisasi Konferénsi Islam (OKI).[1]
Basyuni ingkang naté njabat dados sekretaris nagara nalika Présidhen Abdurrahman Wahid punika ngakeni badhé siyap sumadya dipunparingi tugas menapa kémawon kalebet dados mantri agami.[1] Panjenenganipun sanjang, nalika pepanggihan kaliyan Présidhèn SBY, kathah ngendikaken babagan panyaénan panyelenggaraan ngibadah haji.[1] Alumni saking Pondhok Pesantrén Gontor ingkang kariéripun ing Departemen Manca Negari (luar nagari) punika, ngakéni minangka dados tiyang ingkang naté tugas dados duta ageng ing Arab Saudi,[2] kathah sakedhik panjenenganipun pirsa babagan panyelenggaraan haji.[1]