Mumbai मुंबई | |
---|---|
Kota metropolitan | |
Pamaréntahan | |
• Komisioner Munisipal | Swadhin Kshatriya |
Cacah warga (2010) | |
• Kota metropolitan | 13,830,884 |
• Urut pepadhet |
|
• Métro | 21,900,967 |
Situs wèb | www.mcgm.gov.in |
Mumbai, kala rumiyin kasebat Bombay, inggih punika kitha krajan praja Maharashtra, ing India. Kanthi kang ndunungi watawis 13 yuta, Mumbai wujud kitha metropolis ingkang paling ageng ing India..[3] Dumunung wonten ing pesisir kilèn India, Mumbai gadhah pelabuhan alam ingkang lebet. Pelabuhan Mumbai nangani langkung setengah saking lalu lintas penumpang lan kargo India.[4]
Mumbai minangka kitha krajan komersial lan hiburan ing India, lan dados markasipun institusi finansial ingkang wigati, kados ta Reserve Bank of India (RBI), Bombay Stock Exchange (BSE), National Stock Exchange of India (NSE) lan perusahaan sanèsipun Mumbai narik migran saking sakindhenging India sabab kathahing kasempatan kerja, lan lumayan inggilipun standar gesang wonten ing India., nanging kathah-kathahipun lajeng dhawah dados golongan miskin [5]. Kitha Mumbai minangka pusat Film India lan indhustri televisi, ingkang kondhang kanthi asma Bollywood. Mumbai ugi satunggiling kitha ingkang gadhah Taman Nasional Sanjay Gandhi National Park, ing salebetipun kitha.
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng WG