Muse

Muse
Muse onstage
Muse nampilake ing 2010.
Pratélan latar wuri
SakaTeignmouth, Devon, Inggris
Génre
Mangsa akarya1994–saiki
Labèl
Sana jaringanmuse.mu
Anggota

Muse ya iku grup band rock saka Teignmouth, Devon, Inggris, kadhapur ing taun 1994. Band kasusun saka Matthew Bellamy (vokal, gitar, piano, keyboard), Chris Wolstenholme (bass gitar, vokal latar, keyboard), lan Dominic Howard (drum, perkusi).

Muse ngerilis album sing kapisan, Showbiz, ing taun 1999, ndudohake Bellamy kang nduweni gaya nyanyi falsetto lan melancholic. Album kapindho, Origin of Symmetry (2001), gabungke luwih akèh instrumen lan kapangaruh gaya musik romantik klasik, lan éntuk reputasi amarga pagelaran langsung sing energik. Absolution (2003) luwih kapangaruh karo musik klasik, karo orchestra ing trek, kaya ta "Butterflies and Hurricanes", lan dadi album Inggris nomer siji kaping 5 katurut-turut.

Black Holes and Revelations (2006) nggabungake unsur tembang elektronik lan pop, sing dipengaruhi déning kelompok musik taun 1980-an kaya ta Depeche Mode, ditampilake ana ing salah sawijining tembang, kaya "Supermassive Black Hole". Album iki nggawa Muse luwih sukses ing mancanagara. Resistance (2009) lan The 2nd Law (2012) nelik tema saka sawenang wenanganing pemerintah lan pemberontakan déning rakyat. Album sing kapitu, Drones (2015), nduweni konsèp album babagan perang donya, lan Muse balik manèh ing musik sing luwih rock.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne