Koordhinat: 7°48′55″S 110°24′47″E / 7.8153785°S 110.4131046°E
Musiyum Wayang Kekayon punika musiyum wayang ingkang wonten Ing Yogyakarta mliginipun wonten ing Jl. Raya Yogya-Wonosari Km. 7, kirang langkung 1 km saking Ring Road wétan [1]. Musiyum Wayang Kekayon dipunyasa nalika taun 1990. Lajeng musiyum punika gadhah koleksi saking mawarni-warni wayang lan topeng. Kajawi punika saking papan punika maringi pirsa sajarah wayang ingkang diputepangaken saking abad kaping 6 dumugi abad 20.