|
Nabi minangka manungsa kang diwènèhi wahyu (ajaran Islam kang ngandhut paugeran tartamtu) saka Allah minangka pitutur urip, déné Rasul iku Nabi kang dipréntahaké Allah kanggo nyampéaké wahyu mau marang manungsa sa jagat ana ing jamané. Rasul lan Nabi pungkasan yaiku Muhammad kang ditugasaké nyampékaké Islam lan paugeran kang kusus marang manungsa ing jamané nganti dina kiyamat. Sawisé beliau séda, tugas iku diterusaké déning para pengikuté. Miturut Rukun Iman, wong Islam, kudu percaya marang para nabi lan para rasul.
Ora diweruhi kanthi persis pira cacahé Nabi nanging kurang luwih ana 100,000 déné para rasul caché kurang luwih ana 300. Nanging cacahé Nabi lan Rasul mau ora bisa dipesthèkaké.
Para nabi lan rasul kang wajib dingertèni déning ummat Islam yaiku:
Sebagéyanan saka Nabi lan Rasul iki diwènèhi Kitab.