Nagoya

Cithakan:Kutha ing Jepang

Stasiun JR Nagoya

Nagoya (名古屋市 Nagoya-shi?) inggih punika kutha krajan saking Prefektur Aichi, Jepang. Kutha punika mapan wonten ing pasisir Samodra Pasifik ing wewengkon Chūbu, pérangan tengah Pulo Honshu. Papanipun ing tengahipun Tokyo lan Kyoto saéngga kutha punika asring dipunsebat Chūkyō (kutha krajan pérangan tengah). Nagoya kalebet kutha paling ageng angka sekawan ing Jepang babagan cacahing penduduk. Kutha punika dados pusat saking Laladan Metropolitan Chukyo ingkang kalebet salah satunggal saking tiga laladan metropolitan Tokyo-Nagoya-Osaka.

Stasiun JR Nagoya kacathet ing Buku rekor Guinness minangka bangungan paling inggil ing donya ingkang gadhah stasiun sepur (kereta api).[1] Penduduk kutha Nagoya nyebat Stasiun JR Nagoya minangka Mèi-eki (stasiun Mèi). Kawasan Stasiun JR Nagoya lan Sakae kalebet pusat belanja ing ngandhaping lemah ingkang ramé lan wiyar, déné ing kawasan Ōsu kalebet pusat belanja lan barang elektronik.[2]

Lambang kutha Nagoya mirib kaliyan aksara kanji kanggé angka wolu. Lambang punika kados gambar stempel Maruhachi ingkang naté dipun-ginakaken déning klan Owari Tokugawa (cabang klan Tokugawa ing Provinsi Owari).

  1. "Frommers". Diarsip saka sing asli ing 2017-12-01. Dibukak ing 2013-02-24.
  2. "地下街バトル、東京vs大阪vs名古屋 広さ日本一は?東京ふしぎ探検隊(9)". Nikkei. 2011-09-09.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne