Nani Wartabone, (lair 30 Januari 1907 – kapundhut ing Suwawa, Gorontalo, 3 Januari 1986 nalika yuswa 78 taun), kang pikantuk gelar Pahlawan Nasional Indonésia taun 2003, iku putra Gorontalo lan tokoh perjuangan saka provinsi kang ana ing Sulawesi Lor. Perjuangane diwiwiti nalika dhèwèké ngadegaké Jong Gorontalo ing Surabayanalika taun 1923. Banjur dhèwèké dadi Ketua Parté Nasional Indonésia (PNI) cabang Gorontalo.
Telung taun sadurungé Proklasmasi Indonésia 17 Agustus 1945, dhèwèké lan warga Gorontalo wis ngumandhangake proklamasi kamardikan Gorontalo, nalika tanggal 23 Januari 1942.
Bubar bala Sakuthu dikalahake déning Jepang ing Perang Asia-Pasifik, Walanda duwé rencana mbubarake Gorontalo kang diwiwiti tanggal 28 Dhésèmber 1941 diwiwiti mbakar gudhang-gudhang kopra lan lenga ing Pabean lan Talumolo.