Nao (sing diwaca now) ya iku Humanoid Robot sing autonomous, bisa dilebokaké program lan ukurané skala 1:2,5 kaliyan manungsa baku, robot nao digarap déning Aldebaran Robotics. Aldebaran robotics iku salah sawijining perusahaan startup Prancis sing berpusat ning Paris. Pangembangan robot ngadhek nalika peluncuran Projèct Nao ing 2004. Ing 15 Agustus 2007, Nao gentèni robot humanoid QRIO saka perusahaan Sony dadi baku robot sing dianggo ing Robot Soccer World Cup (Robocup) Standard Platform League (SPL), ya iku kompetisi robot internasional.[1] Nao wis dianggo ing robotcup taun 2008 lan 2009. Ing robotcup 2010, NaoV3R dipilih dadi platform baku kanggo SPL.[2]
Nao edisi akademik digarap déning pawiyatan luhur lan laboratorium kanggo risèt lan pendidikan, Nao ditokaké kanggo khalayak umum ing taun 2011. ing Oktober 2010, Universitas Tokyo tuku 30 Robot Nao kanggo Nakamura lab ing pawiyatan luhur iku, pangajabané, yèn robot nao bisa dadi asistèn aktif ing lab.[3] Awit taun 2011, robot nao wis dianggo déning akèh pawiyatan luhur kanggo risèt, pendidikan, lomba lan liya-liyané, IIT Kanpur ing india ugi nganggo nao.[4]
Ing mangsa rendheng 2010, Robot Nao dadi berita internasional amarga sinkronisasi rutin obahan jogèd ning Shanghai Expo ing Cina.[5] Ing desember 2010, Robot Nao dèmonstrasi dadi pengisi acara Stand-up komedi.[6] Ing desember 2010 uga robot nao vèrsi anyar metu, kaluwihan robot nao sing anyar iki ning lengan ukir lan peningkatan ing motor (Servo). Ing desember 2011, Aldebaran Robotics rilis vèrsi anyar nao, ya iku Nao Nèxt Gèn. kaluwihan ing nao anyar iku ya iku: software sing luwih apik, CPU sing luwih bertenaga lan banter sarta kamèra HD.[7]