Naysila Mirdad

Naysila Mirdad
LairNaysila Nafulany Mirdad
Jeneng liyaNaysila
PakaryanArtis
Taun aktif2005 - saiki
Wong tuwaJamal Mirdad (ayah)
Lydia Kandou (ibu)
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox person with unknown parameter "birthdate"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox person with unknown parameter "birthplace"

Naysila Mirdad luwih akrab diundang kanthi jeneng Nay (lair ing Jakarta, 23 Mèi 1988; umur 36 taun).[1] Naysila Mirdad iku slah sijiné artis, bintang iklan lan juru main sinétron kang asalé saka Indonésia.[1] Naysila Mirdad iku anak wadon kang nomer telu saka pasangan artis kang jenenge Jamal Mirdad lan Lydia Kandou.[1] Naysila Mirdad miwiti karir ing donyaning hiburan Indonésia nalika taun 2005.[1] Nayla wiwit main sinétron ing sinétron kang irah-irahané Liontin.[1] Ing sinétron iki, Naysila Mirdad main bareng karo mbakyuné kang jenengé Nana Mirdad.[1] Sinetron iki nggawé jenengé Nayla sangsaya misuwur.[1] Wiwit iku, akèh tawaran main sinétron kang ditampa déning Naysila Mirdad.[1]

Saliyané sinétron Liontin, sinétron liyané kang tau dibintangi Naysila Mirdad ya iku sinétron Bunga Kasih Sayang, Intan, Maha Cinta, Melodi, Aqso dan Madina, Sekar, lan Isabela.[1] Naysila Mirdad uga tau dadi bintang iklan produk panganan kang aran Sozzis.[1] Saliyané iku, Naysila dadi bintang iklan Krim Ékonomi Putih.[1] Ing iklan iki, Naysila kolaborasi karo Lydia Kandou ibuné.[1] Ing sinétron, Naysila Mirdad kerep dipasangaké karo aktor kang jenengé Dude Harlino.[1] Malah-malah Naysila lan Dude duwé fans mirunggan.[1] Fans Nay lan Dude diarani Dunay Lovers, kang tegesé fans saka Dude lan Nay.[1] Sinetron kang dibintangi Naysila Mirdad bareng karo Dude Herlino ya iku sinétron Cahaya lan Doa dan Karunia.[1]

Naysila Mirdad uga tau iri karo Lydia Kandou ibuné.[2] Ibune nduwé kulit kang resik lan ora ana kukulé.[2] Kamangka ibuné ora tau nganggo usada kimia.[2] Nanging Nay malah kerep nduwé kukul.[2] Nay nerangaké yèn wis wiwit thukul kukul, Nay banjur kerep facial.[2]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 18 Juli 2011)
  2. a b c d e entertainment.kompas.com(dipunundhuh tanggal 18 Juli 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne