Nidji | |
---|---|
Saka | ![]() |
Génre | Pop |
Mangsa akarya | 2002-sapunika |
Labèl | Musica Studios |
Sing magepokan | NIDJIholic.com NIDJIzone |
Anggota | Ubay Andro Run-D Rama Ariel Adri |
Nidji utawi The Nidji inggih punika grup musik saking Jakarta ingkang personilipun wonten 6 (nem) tiyang ing antawisipun: Giring Ganesha (vokalis), Rama lan Ariel (gitaris), Adrie (drum), Andro (bassis), lan Run-D (kibor). Nidji punika saking tembung Niji ingkang dipunpendhet saking basa Jepang ingkang tegesipun kluwung.[1] Para personil sampun remen lan sarujuk kaliyan konsèp nama punika, amargi tembung Nidji saged ngrefleksikaken warni musik ingkang manéka warni sarta bènten-bènten, nanging saged nyawiji ing satunggal warni musik.[1] Konsep musik Nidji inggih punika modern rock ingkang dipunparingi unsur-unsur sanèsipun, kados progresif, funk, alternatif, lan pop. Grup-grup band ingkang boten langsung mengaruhi lan dados inspirasi kaliyan gaya musik Nidji inggih punika L'Arc~en~Ciel, Coldplay, Goo Goo Dolls, U2, Radiohead, Smashing Pumpkins, The Verve, Dave Matthews, The Killers, Keane, lan sanèsipun.[1]