Nuh

Gambar bahtera Nuh

Nuh (Ibrani: נוֹחַ, Nūḥ; Tiberias: נֹחַ; Arab: نوح) (kurang luwih 3993-3043 SM) inggih punika turunipun Kanjeng Nabi Adam as. Dhèwèké diutus kanggo kaum Bani Rasib sing tansah ingkar marang Allah lan nyembah brahala-brahala. Nabi Nuh diutus kanggo dakwah marang kaumé kang wis kesasar adoh. Dhèwèké ngajak wong-wong mau bali menyang nyembah marang Gusti Allah lan ninggalake nyembah brahala.

Nabi Nuh a.s mulang marang umate supaya bisa ndeleng jagad raya kang diciptakake dening Allah arupa langit, bumi, srengenge, rembulan, awan, mbengi, lan kabeh kesugihan bumi arupa tetuwuhan lan banyu kang mili kang menehi nikmat urip kanggo manungsa. Kabeh iku minangka bukti lan tanda nyata menawa anane panguasa Allah kang murbeng dumadi kang kudu sinembah lan dudu brahala-brahala kang kaume gawe kanthi tangane dewe. Nanging, kaum Nabi Nuh a.s akeh akehe ora percaya apa kang dingendikake marang utusan Allah kang mulya iki. Ngendikané Gusti Allah Swt:

"Banjur padha anggorohake (Nuh), banjur Ingsun nylametake dhèwèké lan wong-wong kang bareng dhèwèké ing njero prau, lan Ingsun dadekake dhèwèké iku khalifah lan Ingsun klelepake wong-wong kang anggorohake ayat-ayat Ingsun. Mula waspadakna kepriye sakwise wong-wong kang padha diwenehi pangeling-eling iku."(QS Yunus:73).


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne