Onigiri

Onigiri

Onigiri (おにぎり, 御握り?) (basa Indonésia: nasi kepal, basa Jawa:sega kepel) ya iku panganan saka Jepang wujud sega kang dikepel-kepel nalika isih anget, digawé wujud segitiga, bunder, utawa kaya karung beras. Panganan iki uga misuwur kanthi jeneng Omusubi. Miturut kabaré, iku sesebutan saka para wanodya ing pura kaisar kanggo nyebut onigiri. Onigiri dipangan nganggo tangan (muluk), ora nganggo sumpit.

Ing Indonésia, Onigiri bisa ditemoni ing pérangan panganan Jepang ing toko swalayan lan ing restoran kang dodol panganan Jepang. Ing Tiongkok, Onigiri diarani fàntuán(飯糰)


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne