Optika

Tabèl Opticks, 1728 Cyclopaedia

Optika iku cabang fisika kang nggambaraké prilaku lan sipat cahya lan interaksi cahya karo materi. Optika nerangaké lan diwernani déning tandha-tandha optis. Tembung optik asalé saka basa Latin ὀπτική, kang tegesé tampilan.

Babagan optika lumrahé nggambaraké sipat cahya katon, infraabang lan ultraviolet. Nanging amarga cahya iku gelombang elektromagnetik, tandha-tandha kang padha uga dumadi ing sinar-X, gelombang mikro, gelombang radhio, lan wangun liya saka radiasi elektromagnetik lan uga tandha-tandha sarupa kaya déné ing sorotan partikel momotan (charged beam). Optik lumrahé bisa dianggep péranganing keelektromagnetan. Sapérangan tandha-tandha optis gumantung ing sipat kuantum cahya kang kakait karo sapérangan babagan optika tekan mekanika kuantum. Sajeroning praktèké, akèh-akèhé saka tandha-tandha optis bisa diétung kanthi migunakaké sipat elektromagnetik saka cahya, kaya déné kang dijelasaké déning persamaan Maxwell.

Babagan optika duwé identitas, masarakat, lan konferènsiné dhéwé. Aspèk kaèlmuwané asring karan èlmu optik utawa fisika optik. Èlmu optik terapan asring karan rékayasa optik. Aplikasi saka rékayasa optik kang kakait mirunggan karo sistem iluminasi (iluminasi) diarani rékayasa pancahyaan. Saben dhisiplin cenderung béda sithik ing aplikasi, ketrampilan tèknis, fokus, lan afiliasi profesionalé. Inovasi luwih anyar sajeroning rékayasa optik asring dikategorikaké minangka fotonika utawa optoelektronika. Wates-wates antarané babagan iki lan "optik" asring ora cetha, lan istilah kang dipigunakaké béda ing manéka wilahan donya lan sajeroning manéka babagan indhustri.

Amarga aplikasi kang wiyar saka èlmu "cahya" kanggo aplikasi donya nyata, babagan èlmu optika lan rékayasa optik cenderung banget lintas dhisiplin. Èlmu optika wujud péranganing manéka dhisiplin kakait kalebu èlèktro, fisika, psikologi, kadhokteran (mligi optalmologi lan optometri), lan liya-liyané. Saliyané iku, panjlasan kang paling lengkap ngenani prilaku optis, kaya déné dijelasaké ing fisika, ora mesthi rumit kanggo akèh-akèhé masalah, dadi modhèl prasaja bisa dipigunakaké. Modhèl prasaja iki cukup kanggo njelasaké sapérangan tandha-tandha optis sarta nglirwakaké prilaku kang ora rélevan lan / utawa ora kalacak ing siji sistem.

Ing ruwang bébas siji gelombang lumaku ing kecepatan c = 3 x 108 mèter/detik. Nalika lumebu medhium tinentu (dielectric utawa nonconducting) gelombang lumaku mawa siji kecepatan v, ing ngendi iku karakteristik saka bahan lan kurang saka gedhéné kecepatan cahya iku dhéwé (c). Prabandhingan kecepatan cahya ing njero ruwang hampa karo kecepatan cahya ing medium iku indeks bias n bahan ya iku: n = cv


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne