![]() |
Orangutan iku kera ageng asli saka alas hutan udan ing Indonesia lan Malaysia. Saiki padha manggon mung ana ing sapérangan papan ing Borneo lan Sumatra, nanging ing jaman Pleistosen padha nyebar ing sak Asia Tenggara lan Cina Kidul. Digolongaké ana ing genus Pongo, orangutan biyèn dianggep minangka spesies tunggal. Wiwit taun 1996, padha dipérang dadi loro spesies: orangutan Borneo (P. pygmaeus, kanthi telung subspesies) lan orangutan Sumatra (P. abelii). Spesies katelu, orangutan Tapanuli (P. tapanuliensis), kapastèkaké sacara definitif ing taun 2017. Orangutan iku spesies kang urip siji-sijiné saka subfamili Ponginae, kang sacara genetis béda karo hominid liyané (gorila, simpanse, lan manungsa) antara 19,3 lan 15,7 yuta taun kepungkur.
Orangutan ingkang paling arboreal saking golongan kera ageng, langkung akèh waktunipun wonten ing wit-witan. Padha gadhah tangan ingkang dawa kanthi sikil ingkang cendhak kanthi rambut warni abang semu coklat ing seluruh badanipun. Jaler dewasa bobotipun kinten-kinten 75 kg (165 lb), dene lare èstri ngantos 37 kg (82 lb). Jaler dominan dewasa gadhah pipi utawi flange ingkang khas lan nggawé suara ingkang dawa kanggé narik èstri lan nyegah saingan; jaler enom ingkang subordinat boten nindakaken lan langkung nyerupai èstri dewasa. Orangutan punika golongan kera ageng ingkang paling nyepi: ikatan sosial utamanipun wonten antawisipun biyung lan anak ingkang gumantung. Woh-wohan punika komponen paling penting wonten ing dietipun orangutan; nanging ugi badhé nedha tanduran, kulit wit, madu, serangga lan endhog manuk. Orangutan saged urip langkung saking 30 taun ing alam bebas lan ing penangkaran.
Orangutan punika kalebet ing golongan primata ingkang pinter sanget. Piyanipun ngginakaken ragam piranti ingkang canggih lan ndamel sayah ingkang rapi saben dalu saking dahan lan godhong-godhongan. Kapinteranipun kewan-kewan punika sampun dipun kaji sacara jembar. Bokmanawi wonten budaya ingkang beda-beda wonten ing populasi. Orangutan sampun katampil wonten ing kasusastran lan kasenian paling ora wiwit abad kaping 18, utaminipun wonten ing karyana ingkang maringi komentar babagan masyarakat manungsa. Studi lapangan babagan kewan-kewan wau dipun wiwiti déning primatolog Birutė Galdikas lan sampun dipun tetepaken ing fasilitas pangreksan wonten ing sak ndonya paling ora wiwit awal abad kaping 19.
Kabeh tiga jenis orangutan dipunanggep minangka spesies kang kritis kaancam punah. Kegiatan manungsa nyebabaken penurunan sing drastis ing populasi lan wilayah sebaranipun. Ancaman kanggo populasi orangutan ing alam bébas kalebet pemburuan lan balas dendam amargi nyantap taneman), rusaké habitat lan deforestasi (kanggé budidaya minyak sawit lan tebangan kayu), lan perdagangan ilegal piaraan eksotis. Sawetawis organisasi konservasi lan rehabilitasi nyedhiyakaken dedikasi kanggo kelangsungan hidup orangutan ing alam bébas.