Kasaraharjan Ostrali | |
---|---|
Gunagita: 'Atvans Australia Jauh N1 | |
![]() | |
Wangsanama | Wangsa Australia |
Papréntahan | Dhémokrasi parlementer lan Monarki Konstitusional |
• Monark | Ratu Charles III |
Peter Cosgrove | |
Malcolm Turnbull | |
Kamardikan saka Karajan Manunggal | |
1 Januari 1901 | |
11 Dhésèmber 1931 (adopted 9 September 1939) | |
3 Maret 1986 | |
Pijembar | |
• Gunggung | 7,741,220 km2 (2,988,900 sq mi) (6th) |
Population | |
• Cacahjiwa 2006 | 19,855,288 |
• Ketebdunung | 2.6/km2 (6.7/sq mi) (224th) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2007 |
• Gunggung | US$718.4 milyar (IMF) (17th) |
• Saben wong | US$34,359 (IMF) (14th) |
GKK (angka) | Pikira-kira 2007 |
• Gunggung | US$889.7 milyar (AU $1.1 trillion) (15th) |
• Saben wong | US$42,553 (DFAT) (16th) |
IPM (2007) | ![]() Error: Invalid HDI value · 3rd |
Laladan wektu | UTC+8 to +10.5 (various N3) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+10.5 to +11.5 (various N3) |
TLD internèt | .aus |
Ostrali iku salah sawiji nagara gedhé ing kidul. Kutha krajané yaiku Canberra. Sing ndunungi kira-kira ana 20 yuta. Ostrali gadhah nagara tanggané antarané ing sisih lor Indonésia, Timor Wétan, lan Papua Nugini, ing sisih lor-wétan Solomon Islands, Vanuatu, lan Kaledonianyar lan ing sisih kidul-wétan Selandianyar.
Dharatan Ostrali wis didunungi manungsa punjul 42,000 taun déning Padunung asli.[2] Sawisé ditekani kanthi sporadis déning para warigaluh saka lor lan sabanjuré tinemu déning wong Éropa yaiku panjelajah Walanda ing taun 1606,[3] saparo tlatah pérangan wétan sabanjuré diakoni déning Karajan Inggris ing taun 1770 lan wiwitané kanggo nampung wong ukuman penal transportation minangka péranganing koloni New South Wales, wiwit tanggal 26 Januari 1788.
Nalika cacahing kang ndunungi tansaya akèh, tlatah anyar wiwit dibukak ing abad angka 19, yaiku lima laladan otonom koloni Inggris.
Ing tangal 1 Januari 1901, enem koloni gabung dadi fédherasi, lan Kasaraharjan Ostrali banjur kawangun. Wiwit dadi fédherasi, Ostrali nganut sistem pulitik dhémokrasi liberal lan tetep sajeroning Kasaraharjan utawa Commonwealth realm. Kutha krajané yaiku Canberra, dumunung ing Australian Capital Territory (ACT). Sing ndunungi ana 21 yuta jiwa, lan akèh-akèhé ngumpul ing kutha-kutha Sydney, Melbourne, Brisbane, Perth, lan Adelaide.