Sri Susuhunan Pakubuwana V | |||||
---|---|---|---|---|---|
Susuhunan Surakarta | |||||
Panjenengan | 1820 – 1823 | ||||
Leluhur | Susuhunan Pakubuwana IV | ||||
Penerus | Susuhunan Pakubuwana VI | ||||
Gubernur Jenderal | G.A.G.Ph. van der Capellen | ||||
Lair | 1785 Cithakan:Country data Hindhia Walanda Surakarta, Koloni VOC Walanda | ||||
Surud | 5 Sèptèmber 1823 Cithakan:Country data Hindhia Walanda Surakarta, Hindhia Walanda | ||||
| |||||
Wangsa | Wangsa Mataram | ||||
Bapa | Susuhunan Pakubuwana IV | ||||
Ibu | GKR. Pakubuwana | ||||
Agama | Islam |
Sri Susuhunan Pakubuwana V utawi Sampéyandalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Jumeneng kaping Gangsal (Hanacaraka: ꦯꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦑꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦦꦑꦸꦨꦸꦮꦟ꧇꧑꧒꧇) (miyos: Surakarta, 1785 – séda: Surakarta, 1823) iku raja Kasunanan Surakarta kang maréntah antarané taun 1820 – 1823.
Asma asliné yaiku Raden Mas Sugandi, putra saka Pakubuwana IV kang lair saka garwa padmi Raden Ayu Handoyo putri Adipati Cakraningrat bupati Pamekasan. Panjenengané jumeneng nata ing tanggal 10 Pèbruari 1820, let wolung dina sawisé sédané ingkang rama.
Pakubuwana V uga kawentar kanthi sebutan Sinuhun Ngabèhi, yaiku sugih bandha lan sugih kasektèn. Pakubuwana V uga mrintahaké panulisan Serat Centhini dhedhasar pengalaman pribadiné samangsa mengku dadi Adipati Anom. Sing dadi juru tulis naskah misuwur iki yaiku Radèn Rangga Sutrasna.
Pakubuwana V namung maréntah sajeroning telung taun. Panjenengané séda ing tanggal 5 September 1823. Raja Surakarta sabanjuré yaiku putrané sesilih Pakubuwana VI, kang wis dikukuhaké pamaréntah Indonésia minangka pahlawan nasional.