|
Pananggalan Hijriyah utawa Kalèndher Hijriyah utawa Kalèndher Islam (Basa Arab: التقويم الهجري; at-taqwim al-hijri), iku kalèndher kang dipigunakaké déning umat Islam, kalebu sajeroning nemtokaké tanggal utawa sasi kang magepokan karo ngibadah, utawa dina-dina wigati liyané. Ing nagara-nagara kang ndunungi mayoritas Islam, Kalèndher Hijriyah uga minangka sistem pananggalan sadina-dina. Kalèndher Hijriyah migunakaké sistem kalèndher lunar (komariyah).
Pananggalan iki dijenengaké Pananggalan Hijriyah, amarga ing taun pisanan kalèndher iki iku taun dumadiné prastawa Ijrah Muhammad saka Makkah menyang Madinah, yakni ing taun 622 M.