Koordhinat: 00°47′12″S 100°16′50″E / 0.78667°S 100.28056°E
Papan Anggegana Nagarantara Minangkabau Bandar Udara Nagarantara Minangkabau بانداراينتيرنسيونالمينڠكاباو | |||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Barkas:Papan Anggegana Internasional Minangkabau.jpg | |||||||||||
Ringkesan | |||||||||||
Jinis papan anggegana | Sipil | ||||||||||
Kang nglakokaké | PT Angkasa Pura II | ||||||||||
Ngladèni | Kota Padang, Sumatera Barat, Indonésia | ||||||||||
Pernah | Nagari Ketaping, kacamatan Batang Anai, kabupatèn Padang Pariaman, Sumatera Barat | ||||||||||
Sambungan menyang | |||||||||||
Élevasi MISLS | 18 ft / 5 m | ||||||||||
Koordhinat | |||||||||||
Situs wèb | MinangkabauAirport.com | ||||||||||
Sana playu | |||||||||||
| |||||||||||
Sumber: Federal Aviation Administration |
Papan Anggegana Nagarantara Minangkabau (kodhe IATA: PDG, kodhe ICAO: WIPT) utawi asring dipuncekak BIM inggih punika papan anggegana bertaraf nagarantara utama ing provinsi Sumatera Barat ingkang nglayani penerbangan-penerbangan saking lan dhateng kutha Padang. Papan Anggegana punika jarakipun antawis 23 km saking pusat Kutha Padang ingkang dunungipun boten ing Padang, nanging wonten ing Ketaping, Kacamatan Batang Anai, Kabupatèn Padang Pariaman.[1]
Papan Anggegana Nagarantara Minangkabau wiwit dipunyasa taun 2001, lan dipunoperasikaken kanthi jangkep tanggal 22 Juli 2005 nggantosaken Papan Anggegana Tabing.[2] Dipunsukani nama sami kaliyan nama bebrayan ingkang dumunung ing provinsi Sumatera Barat, inggih punika Minangkabau, BIM minangka papan anggegana angka 1 lan namung satunggal ing donya ingkang migunakaken nama dhedhasar bebrayan.[3]
Nalika taun 2006, papan anggegana punika katetepaken déning Kementerian Agama minangka papan embarkasi lan debarkasi haji kanggé wewengkon provinsi Sumatera Barat, Bengkulu, lan sapérangan Jambi. Wiwit 1 Juli 2012, jam operasional papan anggegana dipuntambahi déning PT Angkasa Pura II dumugi jam 24.00 WIB, ingkang sadèrèngipun namung dumugi jam 21.00 WIB.[4]
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng profil
{{cite web}}
: Check |url=
value (pitulung)