Paskah Suzetta | |
---|---|
![]() | |
Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Nasional 8 | |
Linggih 7 November 2005 – 22 Oktober 2009 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Sri Mulyani Indrawati |
Kang sawisé | Armida Alisjahbana |
Rerincèn dhiri | |
Lair | ![]() | April 6, 1953
Agama | Islam |
Drs. H. Paskah Suzetta, MBA (miyos ing Bandung, 6 April 1953) inggih punika salah satunggalipun pulitikus Indonésia.[1] Panjenenganipun dipunlantik dados Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional (Kepala Bappenas) ing pangowahan (reshuffle) Kabinet Indonésia Bersatu nalika tanggal 7 Dhésèmber 2005, minangka gantosipun Sri Mulyani ingkang dipundadosaken Mantri Kauangan.[1]
Sejatosipun sadèrèngipun dipunlantik, Suzzeta punika dados pangarsanipun Komisi XI DPR saking Parté Golongan Karya (Golkar).[1] Panjenenganipun naté dados anggota Komisi IV Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat nalika taun 1992-1997 lan anggota Komisi VIII Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat 1997-1999.[1] Sasanesipun punika, Suzzeta ugi naté dados anggota Pansus RUU Amandemen Bank Indonésia taun 1999-2004.[1] Panjenenganipun punika maratuanipun prèsènter TvOne, Tina Talisa.[2]