Patrio

Patrio
Taun aktif10 Oktober 1994-sekarang

Patrio ya iku grup lawak Indonésia kang jenengé dijupuk saka singkatan saka jeneng-jeneng anggotané, kaya ta Parto, Akri, lan Eko Grup lawak saka Jakarta iki jumeneng ning tanggal 10 Oktober 1994 Grup lawak iki kapisan nyapai puncak katenaran tinngkat nasional liwat acara hiburan ning televisi kang judhulé Ngelaba, ning stasiun televisi nasional TPI (saiki MNCTV).[1] Sawisé jeneng saka grup lawak Patrio tenar lan populer, wong telu mau sok ditanggap kanggo ngisi acara hiburan kanthi sistem mandhiri ning stasiun televisi saliyané stasiun televisi MNCTV.[1] Nanging, meski ngono mau, Parto, Akri, lan Eko tetep duwé komitmen kanggo ngelestarikaké grup lawak Patrio.[1] Eksistensi saka Parto, Akri, lan Eko uga bisa dideleng saka aktifé lan keberhasilané ning acara hiburan televisi nasional kanggo ngibur para pamiarsa, ya iku "Ngelaba" dadi top program komedi kanthi 13 taun suwené.[1]

  1. a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng patrio2

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne