Paulus saka Tarsus (awalé Saulus saka Tarsus) utawa Rasul Paulus, (3 Maséhi–67 Maséhi) diakoni minangka tokoh wigati sajeroning ngrumusaké ajaran Yesus. Paulus digambaraké sajeroning Prajanjian Anyar minangka Yahudi saka suku Benyamin, kang duwé kabudayan Yunani (helenis) lan warga Roma saka Tarsus (saiki Turki). Awalé panjenengané siji panganiaya wong Kristen (wektu iku jenengé Saulus), lan sawisé pengalamané ketemu Yesus ing dalan nuju kutha Damaskus, panjenengané malih dadi siji pendhèrèk Yesus Kristus (Kis. 9).
Paulus nyebut dhèknèné minangka "rasul kanggo bangsa-bangsa non-Yahudi" (Roma 11:13). Panjenengané gawé upaya kang ngéramaké liwat layang-layangé marang komunitas non-Yahudi kanggo nuduhaké yèn keslametan kang dilakoni déning Yesus Kristus iku kanggo kabèh wong, dudu mung wong Yahudi. Gagasan Paulus iki marakaké crah antarané dhèknèné karo murid-murid Yesus, mligi Petrus lan Yakobus, kang percaya yèn kanggo dadi pendhèrèk Yesus, wong-wong kang dudu Yahudi kudu pisanané dadi Yahudi luwih dhisik (deleng Gal. 2:11-14). Kanggo ngrampungaké konflik iki, dianakaké sidhang ing Yerusalem (Kis. 15), kang sinebut Sidhang Sinode utawa Konsili Gréja kang pisanan.