Yohanes Paulus II | |
---|---|
![]() | |
Dilantik | 16 Oktober 1978 |
Term ended | 2 April 2005 |
Sadurungé | Yohanes Paulus I |
Diterusaké | Benediktus XVI |
Detil pribadhi | |
Jeneng lair | Karol Wojtyla |
Lair | 18 Mèi 1920 |
Pati | 2 April 2005 |
Other popes named Yohanes Paulus |
Paus Yohanes Paulus II (asma aslinipun Karol Józef Wojtyła, miyos ing Wadowice, Polen tanggal 18 Mèi 1920 lan séda tanggal 2 April 2005), punika Paus, Biskop Roma, lan kepala Gréja Katulik Roma wiwit 16 Oktober 1978 dumugi sédanipun. Panjenenganipun ugi pamimpin Negari Kitha Vatikan, nagari berdaulat kanthi wiyar paling alit ing donya.
Paus Yohanes Paulus II dipunangkat ing yuswa 58 taun ing taun 1978. Panjenenganipun punika Paus non-Italia sepindhah wiwit Paus Adrianus VI, ingkang njawat antawis taun 1522-1523. Panjenenganipun merangi kuminisme, kapitalisme ingkang boten kakendhalèni lan panindhesan pulitik. Panjenenganipun kanthi tegas nglawan aborsi lan mbéla pandhekatan Gréja Katulik Roma ingkang langkung tradhisional marang seksualitas manungsa.
Panjenenganipun sampun nglampahi lawatan manca nageri langkung saking kaping 100 lan narik kawigatosan masarakat ingkang ageng. Sasanèsipun punika wekdal tugasipun minangka Paus punika ingkang nomer tiga paling lami ing sajarah, sasampunipun Paus Pius IX lan Santo Petrus. Ing taun 1989, panjenenganipun dhateng ing Indonésia. Kitha-kitha ingkang dipuntedhaki inggih punika Jakarta, Medan (Sumatra Lèr), Yogyakarta (Jawa Tengah lan DIY) lan Dili (Timor Wétan). Komentaripun sasampunipun dhateng ing Indonésia inggih punika: "Boten wonten nagari ingkang toléran kados Indonésia ing donya." [sic]