Pentakosta

Pentakosta
DipèngetiKatulik, Protèstan, Ortodhoks Wétan, Ortodhoks Oriental lan Kristen liyané.
JinisKristen
AncasNgriyayakaké mudéhuné Hyang Roh Suci marang Para Rasul lan para pandhèrèk Yésus liyané.
KaraméanIbadah kaagaman (gréja), Fèstival panganan, Prosesi, Baptisan, Panegesan, Penahbisan, Kabiyasan tradhisional, Jogèd-jogèd, Mangsa semi lan ritus kayu hutan, Fèstival busana.
PèngetanDonga, Vigili, Pasa (pre-festival), Novena, Retret Komuni Suci, Litani
TanggalMasalah skrip: Fungsi "getRawValue" ora ana.Cithakan:Infobox holiday/wd
GegayutanShavuot, sajarah lan kanthi simbolik; Septuagesima, Sexagesima, Quinquagesima, Shrove Tuesday, Rebo Awu, Prapaskah, Minggu Palem, Kemis Putih, Jemuwah Agung, lan Setu Suci kang ngarah menyang Paskah; lan Mékrad Dalem, Minggu Tritunggal, lan Corpus Christi ing samburiné.
Taun Liturgi
Gréja Ritus Kulon
Gréja Ritus Wétan

Pentakosta, uga diéja Pantekosta, (saka Grikenlan: Πεντηκοστή [ἡμέρα], Pentēkostē [hēmera], "[dina] kaping sèket") iku dina riyaya Kristiani kang mèngeti prastawa Hyang Roh Suci diasokaké marang para rasul ing Yerusalem, kang dumadi 50 dina sawisé Wungu DalemGusti Yésus Kristus. Ing dina Pentakosta, Roh Suci diasokaké selaras karo kang dijanjèkaké Yésus sawisé Mékrad Dalem menyang swarga. Miturut Alkitab, murid-murid Yésus kasil martobataké telung èwu jiwa ing dina mau lan iki kang sinebut lairé gréja mula-mula (Sumber: kitab Para Rasul bab 2). Sadurungé, Pentakosta iku wujud dina riyaya gedhé wong Yahudi kang banjur diadhopsi déning gréja kulon lan gréja wétan.[1]

  1. Rasid Rachman. 2009. Hari Raya Liturgi. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hal. 88.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne