Perang ing Kurukshetra | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Péranganing wiracarita Mahabharata | |||||||
![]() nalika perang ing Kurukshetra. | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Lima anaké Pandu (Pandawa) lan sekuthune, dipanggedhèni déning Yudistira | Satus anaké Dretarastra (Korawa) lan sekuthune, dipanggedhèni déning Duryodana | ||||||
Pangarep | |||||||
Drestadyumna- † | Bisma- †Drona- †Karna- †Salya- †Aswatama | ||||||
Kakuwatan | |||||||
7 Aksohini (7 divisi)Total ± 1.530.900 wadya | 11 Aksohini (11 divisi)Total ± 2.405.700 wadya | ||||||
Kurban | |||||||
Meh kabèh prajurit. Mung 7 satriya kang urip: lima Pandawa, Yuyutsu, dan Satyaki | Meh kabèh prajurit. Hanya 3 satriya kang urip: Aswatama, Krepa, dan Kertawarma |
Perang ing Kurukshetra (Dewanagari: कुरुक्षेत्रयुद्ध; IAST: Kurukṣētrayud'dha ), kang dadi pérangan paling wigati saka carita Mahabharata. Sing gawé sebab anané perang iku yaiku rebutan panguwasa antarané Pandhawa lan Kurawa.Kurusetra kang dadi panggonan paprangan iki isih bisa didelok tekan saiki. Kurusetra mapan ana ing laladan Haryana, India.
Paprangan iku ora dingertèni kapan kadadéané, mula kadang-kadang diarani kadadéan ana ing jaman Mitologi. Paninggalan-paninggalan ing Kurusetra (kaya ta bètèng) kira-kira dai bukti arkeologine. Miturut kitab Bhagawadgita, perang ing Kurukshetra kadadéan 3000 taun sadurungé Masèhi (5000 taun kapungkur) lan iku dadi referènsi kang misuwur.[2]
Sanajan paperangan iki mung paprangan antarané rong kulawarga sak wangsa, nanging uga mélokaké pirang-pirang krajan ing India. Paprangan iku kadadéan 18 dina, lan yutanan wadya saka rong pihak akèh kang palastra. Paprangan mau njalari akèh wanita kang dadi randha lan bocah-bocah kang dadi yatim. Paprangan iki uga ndadèkaké krisis ing India lan uga dadi gerbang nuju jaman Kaliyuga.