![]() | |||
Jeneng dawa | Persatuan Sepakbola Indonésia Surakarta | ||
---|---|---|---|
Paraban | Laskar Samber Nyawa (en: Samber Nyawa Army) Jatayu Sala (en: Sala Jatayu) | ||
Yasa | 1923
ground = Manahan Stadium Surakarta | ||
Momotan | 20.000 | ||
Baku | Kaesang Pangarep 40% Kevin Nugroho 30% Erick Thohir 20% | ||
Mantri | ![]() | ||
Liga | Liga 1 | ||
2023-2024 | Premier Division, 7th | ||
|
Persis Sala yaiku klub bal-balan kang diadegaké nalika taun 1923 ing Kutha Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia.[1] Persis Sala yaiku raksasa bal-balan Indonésia ana ing jaman dhisik, Persis tau dadi juara kompetisi Perserikatan kaping pitu, nanging kajayan mau ana nganti pungkasan taun 1940-an, amarga sawisé iku tim persis degradasi nganti tekan Divisi 3.[1] Ana ing mangsa 2006 Persis bisa dadi jawara loro utawa runner up nalika main ing Divisi Satu Liga Indonésia.[1] Amarga prestasi iki persis banjur promosi menyang Divisi Utama ana ing mangsa kompetisi 2007-2008. Saiki Persis markase ing Stadion Manahan, kang duwé kapasitas 20.000 panonton.[1] Persis dijuluki "Laskar Samber Nyawa".[1] Persis duwé suporter fanatik kang biyasa dijenengi Laskar Pasoepati (Pasukan Soeporter Pelita Sejati).[1] Ketua Umum Persis taun 2006 yaiku FX Hadi Rudyatmo utawa kang akrab disapa Rudy. Manajer: Sumartono Hadinoto, dibantu déning asisten manajer lan Sekretaris Manajer Abraham EWT.[1]