Pilihan umum Bupati Badung 2015 ya iku pilihan lelurahing wewengkon tumrap Kabupatèn Badung sing diayahi tanggal 9 Dhésèmber 2015. Ing pilihan iki, lelurahing wewengkon sing kapilih bakal leladi minangka Bupati Badung ing sajeroning mangsa 2016-2021. Calon-caloné kaya ta I Nyoman Giri Prasta lan I Ketut Suiasa usunganing Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan sarta I Made Sudiana lan I Nyoman Sutrisna usunganing Parté Demokrat.