Pilihan umum Wali Kutha South Bend 2011

Pete Buttigieg sing menangke pilihan umum iki.

Pilihan umum Wali Kutha South Bend 2011 ya iku pilihan lelurahing wewengkon tumrap South Bend, Indiana sing diayahi tanggal 8 Novèmber 2011. Ing pilihan iki, lelurahing wewengkon sing kapilih bakal leladi minangka Wali Kutha South Bend ing sajeroning mangsa 2012-2016. Calon-caloné kaya ta Pete Buttigieg usunganing Parté Dhémokrat sarta Norris W. Curry, Jr usunganing Parté Républik.[1][2]

  1. "Historical Election Results". Indiana.gov Voter Portal. Dibukak ing 10 April 2019.
  2. "South Bend, IN Mayor". Our Races. Dibukak ing 9 April 2019.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne