Pitrajaya Burnama | |
---|---|
![]() |
Pitrajaya Burnama utawa kang duwé jeneng asli Pieter Moses Boernama (lair ing Cirebon, Jawa Kulon, 8 Agustus 1934 – pati ing Bekasi, Jawa Kulon, 6 Novèmber 2010 ing umur 76 taun; utawa kang asring diundang Piet Burnama) iku aktor lan sutradara Indonésia kang misuwur ing taun 1960 nganti 1990. Filem-filem kang digawé isiné ngemu babagan lawak lan laga. Piet Burnama iku aktor sénior kang saangkatan karo aktor liyané kaya ta Rachmat Hidayat, Kusno Sudjarwadi, Maruli Sitompul, lan W.D. Mochtar. Filem-filem kang digawé akèh dimainké déning Bambang Irawan, Ratno Timoer, lan Rachmat Kartolo.
Pitrajaya Burnama iku lulusan SMA, lan ATNI. Ing pamentasan ATNI nalika taun 1950-an, dhèwèké asring kerja ing babagan sanjabané panggung, kaya ta nata lampu. Nanging, dhèwèké uga tau dadi pameran utama ing Montserrat minangka kolonèl kang jahat.[1]