Pius Riana Prapdi | |
---|---|
Biskop Ketapang | |
![]() | |
Gréja | Gereja Katolik Roma |
Kauskupan agung | Pontianak |
Keuskupan | Ketapang |
Didhapuk | 25 Juni 2012 ( 12 taun, 255 dina) |
Dilantik | 9 September 2012 |
Sadurungé | Blasius Pujaraharja |
Jabatan liyane |
|
Ordo | |
Penobatan | 8 Juli 1995 ( 29 taun, 242 dina) |
Penahbisan | 9 September 2012 ( 12 taun, 179 dina) dening Blasius Pujaraharja |
Detil pribadhi | |
Jeneng lair | Pius Riana Prapdi |
Lair | ![]() | Mèi 5, 1967
Kabangsan | ![]() |
Denominasi | Katolik Roma |
Jabatan sadurunge | Vikaris Jenderal Kabiskopan Agung Semarang (2008-2012) Administrator Diosesan Kabiskopan Agung Semarang (2009-2010)[1] |
Sesanti | "Serviens in Caritate" (Pelayanan dalam kasih) |
Lambang | {{{coat_of_arms_alt}}} |
Mgr. Pius Riana Prapdi (lair ing Paniai, Papua, 5 Mèi 1967; umur 57 taun) yaiku imam diosesan sing makarya dadi biskop Kabiskopan Ketapang.[1] Sanajan lair ing Kabupaten Paniai, Papua, tekan mangsa nom-nomané, Prapdi gedhé ing Nandan, Mlati, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta.
Dhèwèké lumebu Seminari Menengah Santo Petrus Kanisius, Mertoyudan, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah taun 1983. Tamat saka Seminari Menengah taun 1987, neruské sekolah imam ing Kabiskopan Agung Semarang, lan ditahbiské 8 Juli 1995.[1]
Mgr. Riana kuwi Vikaris Jenderal samangsa Mgr. Ignatius Suharyo dadi Biskop Agung Semarang. Nalika Mgr. Suharyo didhapuk dadi Biskop Agung Koadjutor Jakarta, Mgr. Riana kapilih dadi Dewan Imam minangka Administrator Diosesan Kabiskopan Agung Semarang. Biskop panerus, Mgr. Johannes Pujasumarta milih Pius manèh minangka Vikaris Jenderal Kabiskopan Agung Semarang.[1]
Tanggal 25 Juni 2012, Paus Benediktus XVI ndhapuk Pius minangka Biskop Kabiskopan Ketapang ngganti Mgr. Blasius Pujaraharja sing pensiyun, kaya sing dingendikakké Nuncio Apostolik Vatikan kanggo Indonesia, Mgr. Antonio Guido Filipazzi.[2][3]
Mottoné minangka biskop yaiku "Pelayanan dalam Kasih (Serviens in Caritate), yang merupakan buah dialog antara Yesus dengan Simon Petrus.
Tanggal 9 September 2012, dhèwèké ditahbiské dadi Biskop ing Katedral St. Gemma Galgani Kabiskopan Ketapang. Penahbis Utama yaiku Mgr. Blasius Pujaraharja, Biskop Ko-konsekrator yaiku Biskop Agung Pontianak, Mgr. Hieronymus Herculanus Bumbun, OFM Cap. dan Biskop Agung Semarang, lan Mgr. Johannes Pujasumarta.[4]
Mgr. Prapdi, dadi biskop ko-konsekrator kanggo Mgr. Samuel Oton Sidin, O.F.M. Cap. bersama dengan Mgr. Giulio Mencuccini, C.P. Biskop Sanggau. Mgr. Agustinus Agus, Biskop Agung Pontianak minangka Panahbis Utama.