Pramuka, utawa sok uga karan pandhu utawa kepandhuan (b. Inggris: Scouting) iku siji obahan pemudda kang wis ngrambah ing saindhenging donya. Obahan kepandhuan dumadi saka warna-warna organisasi kapemudaan, kanggo priya lan wanita, kang tujuané kanggo nglatih fisik, mental lan spiritual para anggotané lan nyurung supaya ngayahi kagiyatan positif sajeroning masarakat. Tujuan iki direngkuh liwat program latihan lan pendhidhikan non-formal kepramukaan kang ngutamakaké aktivitas praktis ing lapangan. Wektu iki, ana punjul 38 yuta anggota pramuka saka 217 nagara lan teritori.