Prasasti Pucangan, uga ingaran Watu Kalkuta (Inggris: Calcutta Stone), iku siji prasasti kang tinulis mawa aksara Kawi lan migunakaké basa Sangsekerta lan Jawa Kuna.[1] Prasasti iki tinulis mawa sengkala taun 963 Saka utawa 1042 Masèhi. Prasasti iki tetinggalan saka mangsa pepréntahané Ratu Èrlangga.[2][3] Ing prasasti iki ana wedharan bab lelakon-lelakon wigati lan sarasilahé santana dalem. Saiki prasasti iki isih sinimpen ing Musiyum Indhu ing kutha Kalkuta amarga digawa Raffles marang pimpinané Tuwan Minto nalika taun 1812.[4]
Prasastiné ingukir ing watu. Ing sisih ngarep nganggo basa Jawa Kuna lan ing sisih mburi nganggo basa Sangsekerta. Sanajan nganggo rong basa, leloroné tinulis nganggo aksara Kawi. Jeneng "Pucangan" kajupuk saka jeneng désa kang kasebut ing prasastiné. Dunungé désa mau ana ing sikilé Gunung Pananggungan kang saiki kabawah Kabupatèn Majakerta, Jawa Wétan.[5]
Peter Carey, nimpuna sajarah asal Inggris, pijer nyuwun pangrèh Indonésia saperlu nyedhaki pangrèh Indhu kapurih baliné Prasasti Pucangan.[6][7] Nanging, kapan baliné prasasti mau ora cetha nganti saiki.[6][7]
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng :0
{{cite journal}}
: Cite journal requires |journal=
(pitulung)