Prau panumpes Jepang Amatsukaze (1939)

Prau panumpes Jepang Amatsukaze, taun 1940.

Prau Amatsukaze (天津風? Angin swarga) iku prau panumpes klas Kagerō kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka sanga ing klas Kagerō. Prauné minangka prau angka loro kang kaaran mitrut jenengé "Amatsukaze".

Amatsukaze kapernahaké rikala 14 Fèbruari 1939 déning Astragara Wadya Sagara Maizuru; banjur kababar rikala 19 Oktober 1939. Prau iki kinepyakaké rikala 26 Oktober 1940 ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Tameichi Hara.[1] Prau iki kèrem rikala 6 April 1945 cedhak Amoy (24°30′N 118°10′E / 24.500°N 118.167°E / 24.500; 118.167).[2]

  1. Hara, Tameichi (1961). Japanese Destroyer Captain. New York: Ballantine Books. SBN 345-02522-9-125.
  2. Nevitt, Allyn D. (1998). "Prau panumpes Jepang Amatsukaze (1939) ing Combinedfleet.com". Kuchikukan!. www.combinedfleet.com. Dibukak ing July 5, 2010.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne