Protozoa

Protozoa

Protozoa, asalé saka tembung Basa Yunani Kuna, yaiku tembung protos kang tegesé sepisanan lan tembung zoon kang tegesé kéwan.[1] Dadi protozoa iku kéwan kang sepisanan.[1] Organisme iki wujudé cilik nanging prasaja, duwé struktur kang luwih majemuk saka sèl tunggal kéwan multisèlulèr, sanadyan mung sèl tunggal nanging protozoa kalebu organisme sampurna.[1] Protozoa iku heterotrophic eukaryote sèl tunggal, kang mangan baktèri lan protista liyané. Protozoa diklasifikasèkaké sajeroning kingdom Protista, yaiku salah sawijiné golongan protista kang mèmper kéwan.[2] Protozoa nglakokaké réprodhuksi kanthi cara sèksual (generatif) lan bisa uga réprodhuksi asèksual (vegetatif).[2] Papan uripé yaiku ing panggonan teles utawa ana banyuné. Yèn kaanan lingkungan papan uripé ora kepénak, protozoa nggawé mèmbran kandel lan kuwat kang diarani kista.[2] Èlmuwan sepisanan kang nyinaoni protozoa yaiku Anton van Leeuwenhoek.[2] Sawatara jinis protozoa kang wujud baktèri bisa njalari lelara.[2] Jinisé antarané Amoeba, Paramecium lan sapanunggalané.[2]

  1. a b c "Pengertian Protozoa". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-14. Dibukak ing 2012-09-15.
  2. a b c d e f "Protozoa". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-28. Dibukak ing 2012-09-15.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne