Proxima Centauri[9] iku lintang kate abang kang manggon adohé 4,2 taun cahya (3,97×1013 km). Lintang iki ana ing rasi lintang Centaurus. Proxima Centauri tinemu nalika taun 1915 déning Robert Innes, Dirèktur Observatorium Union ing Aprikah Kidul. Lintang iki wujud lintang paling cerak saka srengéngé,[8] sanajan mbleret banget kanggo dideleng nganggo mata langsung. Leté menyang lintang paling cerak kaloro lan katelu (kang tatalaku lintang gandhaAlpha Centauri) yaiku 0,237 ± 0,011 taun cahya (15.000 ± 700 ékan astronomi).[10] Proxima Centauri kamungkinan wujud péranganing tatalaku lintang telu bebarengan karo Alpha Centauri A lan B.
Amarga kacerakané, dhiameter pojok lintang iki bisa diukur kanthi langsung, yaiku watara 1/7 saka srengéngé.[8] Bobot isen Proxima Centauri diprakirakaké watara 1/8 saka srengéngé, sauntara rata-rata bobot jinisé watara kaping 40é srengéngé.[nb 1] Sanajan duwé drajat luminositas kang asor, Proxima iku lintang suar kang ngalami paningkatan kacerahan minangka akibat saka kamobahan mahnitjati.[11] Médhan mahnit lintang iki kawangun liwat konvèksi ing badan lintang, lan marakake kamobahan semburan kang ngetokaké piwetu sinar X.[12] Pacampuran "bahan obong" ing inti Proxima Centauri liwat konvèksi lan drajat prodhuksi ènèrgi lintang kang rélatif asor nuduhaké yèn lintang iki kamungkinan bakal tetep dadi lintang dhèrèt utama suwéné patang trilyun taun sabanjuré.[13][14]
↑See Table 1, Doyle, J. G.; Butler, C. J. (1990). "Optical and infrared photometry of dwarf M and K stars". Astronomy and Astrophysics. 235: 335–339. Bibcode:1990A&A...235..335D. and p. 57, Peebles, P. J. E. (1993). Principles of Physical Cosmology. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN0691019339.
↑Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng apj119
↑Tarter, Jill C.; et al. (2007). "A Reappraisal of The Habitability of Planets around M Dwarf Stars". Astrobiology. 7 (1): 30–65. doi:10.1089/ast.2006.0124. PMID17407403.
↑Khodachenko, Maxim L.; et al. (2007). "Coronal Mass Ejection (CME) Activity of Low Mass M Stars as An Important Factor for The Habitability of Terrestrial Exoplanets. I. CME Impact on Expected Magnetospheres of Earth-Like Exoplanets in Close-In Habitable Zones". Astrobiology. 7 (1): 167–184. doi:10.1089/ast.2006.0127. PMID17407406.
↑Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng numbers
↑Gilster, Paul (2004). Centauri Dreams: Imagining and Planning. Springer. ISBN038700436X.
Masalah sitiran: Tenger <ref> ana tumrap golongan aran "nb", nanging tenger <references group="nb"/> sing magepokan ora ana, utawa </ref> panutup ora ana