Pulo Palue

Pulo Palue
Senja wonten Pulo Palue

Pulo Palue inggih salah satunggaling pulo ing Indonésia ingkang dumunung ing sisih lor Pulo Florès. Miterat cathetan administratipipun, pulo punika kalebet wewengkon Kabupatèn Sikka, Provinsi Nusa Tenggara Timur, Indonésia.

Ing pérangan sisih kidul saking Pulo Palue wonten gunung api inggih punika Rokatenda. Pulo Palu'e ugi dipunwastani "Pulo gunung" ing sakitering Laut Flores amargi dipunanggep gadhah kathah tlatah gunung api ingkang miterat basa Palu'e dipunsebat "poa". "Poa" punika ingkang lajeng dipun-ginakaken déning masarakat Palu'e kanthi prosès "sublimasi".


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne