Pulo Random ana ing pasisir Kanadha madhep sagara Atlantik. Minangka pérangan propinsi Newfoundland lan Labrador, pulo iki kapernah ing pasisir wétan Newfoundland lan sapérangané kinubengan Ujung Bonavista Peninsula ing sisih lor sarta kinungkungan Teluk Tritunggal. Pulo iki dawané udakara 35 km (22 mi), ambané mawa-mawa ana kang 15 km (9.3 mi) ing bang pojok wétan, ana kang 6 km (3.7 mi) ing bang tengah, uga ana kang 17 km (11 mi) ing bang pojok kulon. Éwadéné gunggung jembar laladan watara 310 km2 (120 sq mi).[1] Adhedhasar cacah jiwa 2011, cacah jiwaning pulo iki 1.109.[2]