Pulo Sambu

Koordhinat: 1°9′18.85″N 103°54′2.24″E / 1.1552361°N 103.9006222°E / 1.1552361; 103.9006222

Pulo Sambu

Pulo Sambu inggih salah satunggaling pulo ing Indonésia ingkang letakipun caket kaliyan pulo Batam wonten ing Kapuloan Riau[1]. Pulo Sambu kalebet ing kacamatan Belakangpadang Batam, kalabet wewengkon pamarentahanipun provinsi Kapuloan Riau.[1] Pulo Sambu punika kalebet salah satunggaling pulo ingkang gadhah tambang lenga bumi ingkang ageng, pramila pulo sambu dados salah satunggaling pulo pemasok lenga bumi ingkang paling ageng.[1] Rumiyin pulo Sambu namung dipundadosaken wewengkon makarya PT. SHELL ingkang sapunika gantos nama dados PT. Pertamina.[1] Nanging sapunika sampun wonten pendhudhuk ingkang dumunung ing pulo punika.[1] Pulo Sambu sajatosipun gadhah aji-aji historis, cariyos historis kanggé bangsa Indonésia amargi wekdal rumyin pulo punika naté dados bètèng pertahananipun rakyat Indonésia saking Walanda nalika jaman penjajahan.[1]

  1. a b c d e f [1] Archived 2012-07-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 Oktober 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne