Radiata Kalamangsa: Ediacaran – Present | |
---|---|
Uwur-uwur wulan, Aurelia aurita | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Unranked: | Eumetazoa |
Subkarajan: | Radiata |
Phyla | |
Sinonim | |
Coelenterata |
Radiata iku pringkat taksonomi kang dipigunakaké kanggo klasifikasikna radial simetris kéwan. Istilaeh Radiata iku kesatuan saka sapérangan golongan kéwan kang béda, sapérangan ora mbentuk monofiletik nangisor tampilané filogèni kéwan. Sebab iki lan masalah homoplasy panganggoan simetri awak dadi karakter filogenetik,[1] istilaeh iki dipigunakaké mligi ing konteks historis.
Ing abad ke-19, Georges Cuvier nggabungna ctenophore lan cnidaria ing Radiata.[2] Thomas Cavalier-Smith, ing taun 1983, ndefinisikna maning Radiata dadi subkingdom kang saka Myxozoa, Placozoa, Cnidaria lan Ctenophora.[3] Lynn Margulis lan KV Schwartz ndefinisikan maning Radiata ing kelebu Lima Krajan klasifikasi, sekiye kur Cnidaria lan Ctenophora.[4]
Sekiye simetri radial, racaké dadi ciri khasé ana ing kéwan kang wis diklasifikasikna ing golongan iki, ana kang jelas lan kualifikasiné. Echinodermata misalé, nunjukna salah siji simetri bilateral dadi larva. Ctenophore nunjukna biradial utawa rotasi simetri, kang didefinisikna ana ing sumbu dhapuré kaya sungut lan faring, kang rongkanal letaké ing rongkuadran kebalikanné.[5] Sapérangan spésies ing kelas cnidarian Anthozoa iku bilateral simetris (Misale, Nematostella vectensis). Kaé wis mbiwara angger simetri bilateral kemungkinané wia berévolusi seurungé perpecahan Cnidaria lan Bilateria, lan cnidaria radial simetris wis ngembang dadi simetri radial, kang artiné bilateral ing spésies cnidarian kaya N. vectensis duwé asal utama.[6]