Rambut utawa réma tukul ing mèh kabèh pérangan awak, kajaba èpèk-èpèk lan sikil, mata, lan lambé.[1] Rambut kang ana sirah ndadèkaké tetep ngrasa anget. Rambut kang ana ing irung, kupéng lan sakiwa-tengené mata asring uga karan wulu, gunané nglindungi organ-organ mau lan partikel-partikel liyané.[1] Alis lan wulu mata nglindungi mata kanthi cara ngurangi cahya lan partikel kang ngenani organ paningal mau. Semono uga, rambut-rambut alus kang ana ing awak nyediakaké kangetan lan perlindungan kanggo kulit.[1] Rambut uga dadi bantalan kang nglindungi awak saka tatu.[1]