Rambutan | |
---|---|
Woh rambutan | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Sapindaceae |
Génus: | Nephelium |
Spésies: | N. lappaceum |
Jeneng binomial | |
Nephelium lappaceum L. |
Rambutan, Nephelium lappaceum iku wit kang kalebu ing famili Sapindaceae.[1] Wohé wit iku uga jenengé rambutan. Rambutan akèh tinemu ing tlatah tropis, kaya ta Asia Kidul-Wétan, Asia Kidul, Afrika lan Amérika Kidul.[1]
Ing Indonésia, rambutan kang misuwur asalé saka Sumatra Lor, mligi saka Binjai cedhak Medan.[1] Rambutan(Nephelium sp)kalebu tuwuhan woh hortikultural.[1] Rambutan duwé jeneng liya ing Basa Inggris yaiku Hairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonésia.[1] Nganti saiki rambutan nyebar ing luar laladan kang iklimé tropis, kaya ta Filipina lan nagara-nagara ing Amérika Latin.[1] Rambutan tinemu uga ing laladan kang duwé iklim sub-tropis.[1]
Wit rambutan dhuwuré bisa nganti 20 mèter lan duwé kenopi kang nggrembuyeng.[2] Wit rambutan kalebu wit kang gédhé lan cendhék.[2] Kulit wit lan pangé wernané soklat tuwa lan ana putih-putih cilik ing kulite.[2] Godhong rambutan ambuné rada wangi, godhongé rada lunyu lan duwé wulu sithik.[2] Kembang rambutan ana kang diarani kembang lanang lan kembang wédok.[2] Rambutan merlokaké kéwan kaya gegremet kanggo penyerbukan.[2] Woh rambutan dhapuré bujur utawa lonjong meh bunder lan ukurané kurang luwih 5 cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti 130 dina sawisé ngembang.[2]