Rawon

Resep bumbu rawon

Rawon utawa sega rawon (amarga mangane nganggo sega) ya iku panganan kang wujud sup daging nganggo bumbu khas kluwek.[1] Rawon, dikenal panganan khas Jawa Wétan (kaya ta Surabaya), nanging uga ana ing laladan masarakat Jawa Tengah pérangan wétan (laladan Surakarta). Rawon dadi salah sijine masakan sing nduweni kalungguhan penting ing masarakat Jawa Timur, nalika ana wong kang duwe gawe rawon mesthi dadi suguhan mangane. Adat nyuguhna rawon iki isih lestari utamane nalika ana ing desa sing durung kena pengaruh prasmanan kaya wong kutha.[2]

  1. Rawon (Dipuntingali tanggal 8 Juni 2011)
  2. MANUMOYOSO, AMBROSIUS HARTO (2023-08-08). "Rawon, Kuliner Legenda Jatim yang Mendunia". kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2024-12-13.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne