Situs Reca Dwarapala manggon ana ing sakuloné Candhi Singosari.[1] Reca iki digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Jaman biyèn reca iki minangka lawang gerbang karajan Singhasari.[1]
Jeneng Dwarapala asalé saka basa Sansekerta kang duwé teges pengawal lawang gerbang.[2] Yèn miturut ajaran Saiva kang ana gandhèngcènèngé karo ajaran rong reca kang dadi panjaga lawang gerbang, tegesé reca Dwarapala kang cacahé loro manggon ana ing sisih kuloné Karajan Singhasari.[2] Ing ajaran Saiva, katulis Siva ing pucuk Kailasa kang digambaraké ing wujud Lingga.[2] Ana ing lawang gerbang sisih wétan, ana panjaga kang utama ya iku Ganesha utawa Ganapati.[2] Ing lawang gerbang sisih lor ana panjaga kang utama ya iku Bhathari Gori.[2] Ing lawang gerbang sisih kidul ana panjaga utama ya iku Resi Agastya.[2] Kang njaga sisih kulon ya iku Kala lan Amungkala.[2] Saéngga reca Dwarapala kang dianggep dadi lawang gerbang Singosari bisa dadi panggambaran tokoh panjaga lawang gerbang sisih kulon Siva ya iku Kala lan Amungkala.[2]