Remy Sylado

Remy Sylado
Pakaryawartawan, sastrawan, dramawan, penulis
Bangsa Indonésia

Yapi Panda Abdiel Tambayong (Ejaan Républik: Japi Tambajong) utawa kondhang karo jeneng pena Remy Sylado lair ing Makassar, Sulawesi Selatan 12 Juli 1945 ya iku sastrawan Indonésia.[1]


Remy Silado ya iku penyair, kondhang amarga puisi mbeling.[2] Dhèwèké lair ana Malino, Makassar, Sulawesi Kidul, ing 12 Juli 1945, kanthi jeneng Yapi Panda Abdiel Tambayong utawa Japi Tambajong.[2][3] Jenenge kerep ditulis nganggo angka 23761, dijipuk saka chord sepisanan lagu All My Loving duweke The Beatles.[2][3] Kabèh babagan seni wis dijajal, saka nulis geguritan, novèl, ésai, nganti naskah lakon; uga seni musik, seni rupa, lan mligi seni téater.[2]

Remy Silado dadi pelopor puisi mbeling taun 1970-an, 'apa waé bisa lan olèh ditulis dadi geguritan, lan sapa waé olèh dadi penyair'.[4] Dhèwèké dadi rédhaktur ana kalawarti Aktuil lan ngurusi rubrik Puisi Mbeling.[4]

Geguritan-geguritané sasuwéné 30 taun diklumpukaké lan diterbitaké kanthi irah-irahan Puisi Mbeling Remy Silado déning Kepustakaan Populer Gramedia taun 2004.[4]

  1. Remy Sylado(01 Agustus 2011)
  2. a b c d "Remy Silado dan Puisi Mbeling". jendelasastra.com. 27 December 2013. Dibukak ing 14 August 2016.
  3. a b "Tokoh Banyak Rupa". tokohindonesia.com. 24 February 2012. Diarsip saka sing asli ing 7 April 2016. Dibukak ing 14 August 2016.
  4. a b c Gaus, Ahmad (15 July 2015). "Remy Silado dan Puisi Mbeling". ahmadgaus.com. Dibukak ing 14 August 2016.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne