Rini S. Bono

Rini S. Bono
LairRA Sri Sudarini
Jeneng liyaRini S Bono
Pakaryanaktris
BojoAhmad Albar (pegatan)
Ricardo Gelael
AnakFauzi Albar, Fachri Albar lan Fadli Albar (saka Ahmad Albar)
Sean Ricardo Gelael (saka Ricardo Gelael)
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox person with unknown parameter "birthdate"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox person with unknown parameter "birthplace"

Rini S. Bono (lair ing Jakarta, 20 Agustus 1956; umur 68 taun) duwé jeneng asli RA. Sri Sudarini.[1][2] Dhèwèké iku aktris sénior Indonésia, lan anak saka aktor sénior Indonésia, S. Bono.[1]

Bebrayané karo musisi rock Ahmad Albar, duwé anak lanang ya iku Fachry Albar, kang uga mèlu ing donya akting ing filem siji-sijiné, ya iku "Alexandria".[1] Nanging akiré kekaroné padha pegatan. Banjur Rini palakrama karo Ricardo Gelael, sawijining pengusaha suksès lan duwé anak Sean Ricardo Gelael, kang ditepungi minangka pembalap Indonésia.[1]

Dhèwèké tau main filem kang judhule "Laila Majnun" ing taun 1975, diamping-ampingi déning Achmad Albar, pemimpin band God Bless.[2] Ing taun 1978 Rini main filem manèh, ya iku ing filem Sayang Sayangku Sayang, Satu Malam Dua Cinta lan Pacar Seorang Perjaka.[2] Dhèwèké uga tau teka ing Fèstival Film Asia kaping 22 ing Pusan Koréa taun 1976, lan éntuk piala sarta bebungah: Twin Lion kanggo The Best Costumes.[2] Ing njabané filem, Rini tau dadi Sekretaris Sénat ASMI (1976-1977), Sekretaris Direktur Utama P.T. Gunung Ngadeg Djaja (1976-1978), Pengurus Boutique Albar's Fashion (kawit taun 1976) duwèké Achmad Albar, lan anggota pakumpulan kebatinan Susila Budi Darma (SUBUD).[2]

  1. a b c d kapanlagi.com Diundhuh tanggal 25 Agustus 2011
  2. a b c d e filmindonesia.or.id[pranala mati permanèn] Diundhuh tanggal 1 September 2011

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne