Bagéan saka sèri ngenani Kakristenan Wétan | |
![]() | |
Sajarah | |
Tradhisi | |
Liturgi lan Ibadah | |
Téologi |
Ritus Bizantium, sok-sok diarani Ritus Konstantinopel utawa Ritus Konstantinopolitan, iku ritus liturgi sing saiki dipigunakaké (sajeroning manéka basa) déning kabèh Gréja Ortodoks Wétan lan Gréja-Gréja Katulik-Yunani (Gréja-Gréja Katulik Wétan sing migunakaké ritus Bizantium). Ritus iki ngrembaka ing kutha Konstantinopel (saiki Istanbul), sing sadurungé jenengé Bizantium. Ritus iki wujud ritus liturgi gedhé dhéwé angka loro sajeroning donya Kristen, lan ritus liturgi paling akèh angka loro sing dipigunakaké ing saindhenging dunnya sawisé Ritus Romawi.
Ritus Bizantium kapérang saka Liturgi-Liturgi Suci, Ibadah Dinan, wangun-wangun pelayanan Misteri Suci (sakramen), donga, pamberkatan, lan eksorsisme, sing ngrembaka sajeroning Gréja ing Konstantinopel. Klebu uga gaya arsitèktur, ikon, musik liturgi, vestimentum, lan tradhisi sing ngrembaka suwéné maabad-abad sajeroning praktik ritus iki.