Rodha

Rodha mobil

Rodha ya iku barang kang dhapuré bunder lan duwé ruji (ana uga sawatara rodha sing tanpa ruji).[1] Rodha ngasilaké obahan kanthi gesekan cilik kanthi cara muter. Rodha akèh kanggo transportasi.[1] Istilah roda uga tinemu ing barang-barang kang dhapuré lingkaran liyané, saliyané dhapuré lingkaran lan bisa muter kaya ta kincir air.[1] Rodha kang sepisanan digawé ing Mésopotamia Kuno, nalika iku rodha dianggo tembikar ing taun 3000 SM.[1] Ana uga kang nemoké yèn rodha iku digawé ing Cina nalika taun 2000 SM.[1] Roda duwé ukuran lan bahan kang béda-béda. Gedhé ciliké rodha iki miturut gunané.[1] Rodha kanggo sepedha béda karo rodha kang kanggo montor.[1]

  1. a b c d e f g lintasberita.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 13 Juni 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne