Roh Moo-hyun | |
---|---|
Présidhèn Koréa Kidul angka 16 | |
Linggih 25 Fèbruari 2003 – 25 Fèbruari 2008 | |
Mahamantri | Goh Kun Lee Hae Chan Lee Hae Chan Han Myeong-sook Han Duck-soo |
Kang sadurungé | Kim Dae-jung |
Kang sawisé | Lee Myung-bak |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Gimhae, Gyeongsang Selatan, Koréa Kidul | 1 Sèptèmber 1946
Pati | Cithakan:Tanggal kematian dan umur Yangsan, Gyeongsang Selatan, Koréa Kidul |
Parté pulitik | CRDP YUP UNDP |
Sisihan | Kwon Yang-sook |
Agama | Katulik Roma |
Roh Moo-hyun (API: [no.mu.hjʌn]) (lair ing Gimhae, Gyeongsang Kidul, Koréa Kidul, 1 Sèptèmber 1946 – pati ing Yangsan, Gyeongsang Kidul, Koréa Kidul, 23 Mèi 2009 ing umur 62 taun) iku Présidhèn Koréa Kidul angka 16. Dhèwèké njabat wiwit 25 Fèbruari 2003 nganti 24 Fèbruari 2008. Sadurungé terjun ing donya pulitik, Roh iku pengacara HAM.
Roh Moo-Hyun tiwas ing umur 62 taun sawisé terjun menyang jurang pagunungan mburi omahé ing désa Bongha. Dhèwèké tatu abot ing pérangan sirah lan dikirim menyang rumah sakit ing Busan watara jam 8:15 a.m. (23:15 GMT) lan dinyatakaké tilar donya watara jam 9:30 a.m. (00:30 GMT). Miturut pengacarané, Roh ninggal cathetan sing njarwakaké uripé "angèl" lan njaluk ngapura wis gawé sengsara wong akèh. Kapulisèn Koréa Kidul sabanjuré negasaké tiwasé Roh.