![]() Roti Tisu ingkang tipis | |
Ajangan | Panutup |
---|---|
Panggonan asal | Asia |
Hawa ajangan | Anget |
Woworan pokok | Glepung, Mertega, Gula |
![]() ![]() |
Roti Tisu uga dipuntimbali Prata Tisu inggih menika salah satunggaling jinis Roti Canai ingkang tipis kados déné tisu. Jajanan menika awujud kerucut kados caping ingkang dipunparingi topping susu kenthel legi, kéju, meses, kacang uga sanesipun. Ulah-ulahan menika dados panganan panutup saha asring dupunsandhingaken tèh tarik utawi ès krim. Roti tisu saged dupunpanggihi ing pinggir mergi utawi omah makan.